RistusSedekah Bumi biasane karan Gadeso. Tradisi, sing wis kelaksanan turun temurun iki, wujud rasa syukur nang Gusti Allah mergo kaberkahan, utamane berkah hasil bumi sing sak abrek abrek. Ritus Sedekah Bumi iki onok nang Sambikerep. Ritus iki digelar sampek ping pindo. Yoiku Ritus Inti ambek Ritus Tambahan. Ritus Inti yoiku Ritus sing wajib onok nok sak ben gelaran Sedekah Bumi nang Sambikerep. Lha Ritus Tambahan sifate gae jangkep jangkepan nontok situasi ambek kondisine masyarakat. Ritus Inti umume diisi ambek kendangan ambek anchak'an sing dipungkasi ambek kirim dunga terus bagi bagi panganan tekok Gunungan. Panganan khusus dibagi nang warga sing teko. Lha Ritus Tambahan biasane rupo tontonan ludruk, gulat okol ambek jaranan.